Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 27:1 - Kitab Sutji

1 “Karomaneh sira gawea misbyah kayu sittah, dawane limang asta lan ambane limang asta, dadi misbyah iku pesagi bener, nanging dhuwure telung asta.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 27:1
20 Iomraidhean Croise  

Ing dina iku uga Nabi Gad seba ing ngarsane Sang Prabu Dawud sarta munjuk marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem kawula aturi tindak yasa misbyah kagem Sang Yehuwah wonten ing panutonipun Arauna, tiyang ing Yebus.”


Nanging Sang Prabu banjur dhawuh supaya misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kasingkirake saka ing ngarepe padalemaning Sang Yehuwah, saka ing antarane misbyah anyar lan padaleman mau, lan supaya kadekekna ing salore misbyah anyar.


Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.


Sang Prabu nuli yasa misbyah tembaga kang dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, lan dhuwure sepuluh asta.


Imam Yesua, putrane Imam Yozadak kanthi sadulure para imam, karo Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel karo para sadhereke banjur padha tumandang mbangun misbyah, kagungane Gusti Allahe Israel, kanggo nyaosake kurban obaran, condhong karo kang wus kapacak ana ing Torete Nabi Musa, abdining Allah.


Nabi Musa banjur yasa misbyah kang dijenengake: “Pangeran Yehuwah iku banderaku,”


Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.


misbyah kurban obaran sapirantine, wadhah banyu satadhahane,


misbyah kurban obaran dalah pancak-sujine tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane;


misbyah kurban obaran tembaga dalah krawangane tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane,


Misbyah kurban obaran iku iya sira jebadana dalah sapirantine kabeh, mangkono anggonira nucekake misbyah iku, temah iku dadi sengkeran kang pinunjul.


Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Misbyahe kurban obaran sira prenahna ana ing sangarepe lawang Tarub Suci yaiku Tarub Pasewakan.


Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.


Awu ing misbyah karesikana, tumuli kalarabana jarit wungu nom,


ing sadhuwure katumpangna sakehe piranti kang kanggo ing gawe, yaiku: anglo, porok, sarta sorok, bokor panyiraman apadene sakehe pirantining misbyah, banjur dilarabana lulang dhuyung, sawuse iku kaetrapana ing pikulaning misbyah.


Kita padha duwe misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladeni tarub iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan