Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 26:7 - Kitab Sutji

7 Karodene sira gawea tendha-tendha wulu wedhus kanggo payoning Tarub Suci, sira gawea tendha sewelas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 26:7
18 Iomraidhean Croise  

Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung; para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem.


bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, mori alus, wulu wedhus,


“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.


Mungguh bagean kang turah ing tendha mau, kang satengah tlakupna ana ing burine Tarub Suci,


Sarta maneh tarub iku iya sira gawekna payon lulang wedhus gembel lanang dipulas abang, lan sadhuwure iku payon lulang dhuyung.


Sarta maneh sira gawea cantholan mas seket iji, tendha-tendhane padha gandhengana siji lan sijine nganggo canthelan mau, supaya dadia tarub siji.


Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta; tendha sawelas iku ukurane kudu padha.


Tendha kang lima iku kasambunga dhewe dadi siji, lan tendha kang nem iya dadi siji dhewe, tendha kang nomer nem sira lempita dadi loro ana ing sisih ngarepe tarub mau.


lan saben wong kang duwe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus, lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, apadene lulang dhuyung, iya teka nggawa iku.


Lan sakehe wong wadon kang duwe keahlian kanthi legawa padha ngantih wulu wedhus.


bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus,


Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung


Bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan yaiku: ngrumat Tarub Suci, Tarub lan payone, wrananing lawange Tarub Pasewakan,


Karomaneh sarupane sandhangan lan sarupane dandanan lulang sarta sabarang gegawean saka wulu wedhus, apadene sakehe piranti kayu iku kudu kabirat najise.”


Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,


nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.


Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan