Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.
Kolongan seket iji sira etrapna ing tendha kang siji lan kolongan kang seket iji maneh etrapna ing pungkasane tendha sijine, adhep-adhepan siji lan sijine.
Iya saka Panjenengane iku sarirane sakojur – kang tumata runtut lan kaiket dadi siji awit saka makartine kabeh perangane, cundhuk karo murwate pakaryane saben perangan iku – anggone tumuwuh mbangun dhiri sajroning katresnan.