Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 26:36 - Kitab Sutji

36 Sarta maneh sira gawea warana ana ing lawangane Tarub, kang kagawe kain wungu tuwa, kain wungu nom, kain jingga lan lena tenunan alus kang mancawarna.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 26:36
19 Iomraidhean Croise  

Ingsun ora nate manggen ana ing omah wiwit Ingsun ngluwari Israel saka ing tanah Mesir, nganti saprene, nanging Ingsun tansah lelana ana ing kemah minangka padalemaningSun.


mulane nilar padalemane ing Silo, tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa;


Karomaneh sira gawea geber kain wungu tuwa lan kain wungu nom, kain jingga, tenunan lena alus; kagawe mawa gambar kerub dening ahli tenun.


Nanging ing gapurane plataran anaa gebere kang dawane rong puluh asta, kang kagawe bakal wungu tuwa, lan wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang mancawarna kalawan cagake papat lan ompake papat.


Lan sira kudu gawe tutup dhadha, piranti kanggo nibakake kaputusan, garapaning ahli. Panggarape padha kaya kotang efod, kang kagawe: mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.


Sira kudu gawe kemejan tenunan endah nganggo lena alus, mangkono uga serban iya saka lena alus, dene sabuke iku kagawea nganggo tenunan mancawarna.


yaiku Tarub Suci, payoning Tarub, lan tutuping payon, canthelane lan blabage, kendhite, sakane lan ompake;


misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;


Lawange Tarub iya kagawekake klambu, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih: tenunan kang manca-warna,


Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.


sarta paningsete lena alus kang benange kaantih, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga, tenunane manca-warna, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Tarub Suci mau banjur diaturake marang ing ngarsane Nabi Musa, iya tarub dalah saprabote kabeh; canthelane, blabage, kendhite, cagake lan ompake,


Misbyahe padupan mas sira prenahna ana ing ngarepe pethi angger-angger, nuli sira pasangana wrananing Tarub Suci.


Sira Sunenggoni sandhangan kang mawa warna, sira Sunparingi sandhal walulang dhuyung lan kudhung mori alus apadene slendhang sutra.


Bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan yaiku: ngrumat Tarub Suci, Tarub lan payone, wrananing lawange Tarub Pasewakan,


Ing dina madege Tarub Suci, megane tumuli nutupi Tarub Suci, tarube angger-anggering Allah; sarta saben bengi tumeka esuk, mega iku katon kaya geni ana ing sadhuwure Tarub Suci.


Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan