35 Mejane sira prenahna ing sangarepe geber, lan padamarane adhep-adhepan karo mejane ana ing Tarub Suci sisih kidul, dene mejane sira prenahna ana ing sisih lor.
Mejane banjur kadokok ana ing jero Tarub Pasewakan, kaprenahake ing jero Tarub Suci sisih lor ing sajabane klambu,
Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,
Sawuse mangkono mejane sira lebokna lan sira tatanana pirantine miturut prenahe. Padamarane sira lebokna sarta damar-damare sira pasangana.
Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.
Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.