Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 26:34 - Kitab Sutji

34 Tutup pangruwatan iku sira tumpangna ing pethine angger-angger ana ing sajroning pasucen pinunjul.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 26:34
6 Iomraidhean Croise  

Perangane mburi padaleman mau kang rong puluh asta banjur didokoki singgetan kayu eres, wiwit ing jrambah nganti tekan ing blandar pangeret; perangan iku nuli kadadekake kamar pungkuran, dadi papan sucining asuci.


Tutup pangruwatan iku sira etrapna ing dhuwure pethi, samangsa papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira iku wus sira selehake ing sajroning pethine.


Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.


Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.”


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.


lan ing sadhuwure ana kerube kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kita critakake kanthi wijang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan