PANGENTASAN 26:31 - Kitab Sutji31 Karomaneh sira gawea geber kain wungu tuwa lan kain wungu nom, kain jingga, tenunan lena alus; kagawe mawa gambar kerub dening ahli tenun. Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.