Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 26:30 - Kitab Sutji

30 Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 26:30
14 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”


Dingati-ati, anggonira gawe kabeh mau kudu ngepleki conto kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.”


Anggonira padha yasa dalem pasucen lan sakehe pirantine kabeh iku mituruta conto kang bakal Suntedahake marang sira.”


Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.


Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.”


“Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.


Iku banjur kasambung para bani Kehat, kang ngusung piranti pasucen; sadurunge iku padha teka, Tarub Suci wus diedegake.


Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.


Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.


sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.


Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”


Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.


Wong Israel saumat kabeh banjur padha nglumpuk ana ing Silo sarta ngadegake Tarub Pasewakan ana ing kono, amarga nagara iku wus katelukake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan