29 Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.
Kamar pungkuran iku dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, dhuwure rong puluh asta. Iku kalapis ing emas lembaran, ing ngarepe kadokokan misbyah kayu eres.
Padaleman mau warata kalapisan emas, iya padaleman iku sakabehe; misbyah ing sangarepe kamar pungkuran iku uga kalapis emas.
Gelangane padha pepetna ing wengku, kanggo slobokane pikulan kang kanggo ngusung mejane.
Sarta kendhit limang iji kanggo perangan tengah, kendhit iku kaetrapna ana ing satengahing blabag-blabag saka ing pojok kene takan ing pojok kana.
Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.