Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika manggen wonten ing griya kajeng eres, mangka pethinipun Gusti Allah wonten ing ngandhap tendha.”
Bareng Sang Prabu Dawud wus lestari anggone dedalem ing karatone, Sang Prabu banjur ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika ngenggeni karaton kajeng eres, mangka pethi prajanjianipun Pangeran Yehuwah kok wonten ing sangandhaping tendha.”
“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,