1 “Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika manggen wonten ing griya kajeng eres, mangka pethinipun Gusti Allah wonten ing ngandhap tendha.”
Bareng Sang Prabu Dawud wus lestari anggone dedalem ing karatone, Sang Prabu banjur ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika ngenggeni karaton kajeng eres, mangka pethi prajanjianipun Pangeran Yehuwah kok wonten ing sangandhaping tendha.”
padha kaparingan keahlian bisa nggarap sarupane pagawean tukang, gaweane wong kang ahli, nggarap barang sulaman kang manca-warna saka bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus, apadene tenunan, ringkes bisa nggarap sakabehe pagawean lan ngrancang rupa-rupa.
Banjur gawe klambu ngarep, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus kang benange kaantih, kadokokan kerub gaweaning ahli tenun.
Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.
Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,
Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.
Iku minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Miturut saka iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosake, kang ora bisa ndadekake sampurnane wong-wong kang nyaosake manut rumangsaning atine,
Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.