Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.
Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.
Karomaneh padha njupuka sakehing piranti kang kanggo leladen pangibadah ing pasucen, padha kadekekna ing jarit wungu tuwa, kalarabana lulang dhuyung, banjur kaselehna ing amben-ambenan.
Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.
Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.
Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”
Iku minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Miturut saka iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosake, kang ora bisa ndadekake sampurnane wong-wong kang nyaosake manut rumangsaning atine,