Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 25:8 - Kitab Sutji

8 Lan Ingsun padha sira yasakna pasucen, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 25:8
25 Iomraidhean Croise  

yaiku manawa Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe wong Israel lan ora bakal nilar umatingSun Israel.”


Mulane saiki, atinira lan nyawanira udinen supaya padha ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira padha miwitana anggonira yasa pasucening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, supaya pethi prajanjianing Sang Yehuwah lan prabot suci kagunganing Allah kena kagawa lumebu marang ing padaleman kang kaedegake kagem asmaning Sang Yehuwah.”


Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak, ing panggenan ingkang Paduka agem dados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah; ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.


Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.


Karodene Ingsun bakal dedalem ana ing tengahe wong Israel sarta Ingsun bakal jumeneng Allahe.


Ing kono banjur bakal padha weruh, yen Ingsun iki Yehuwah Allahe, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahe, iya Ingsun iki Yehuwah, Allahe.”


Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”


Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsun bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasuceningSun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase.


Ing kono para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang nucekake Israel, marga papan pasuceningSun ana ing satengahe ing salawas-lawase.”


mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;


Nabi Musa banjur nimbali Misael lan Elsafan, anak-anake Uziel, pamane Rama Harun, padha didhawuhi mangkene: “Padha majua, sadulurmu iku gotongen metu saka ing ngarepe pasucen menyang ing sajabane palereban.”


Karodene aja metu saka ing pasucen, supaya aja nganti nerak marang kasucene pasucene Allahe, marga saka lenga jebading Allahe kang ana ing sirahe, kang minangka pratandha anggone wus sinengker; Ingsun iki Yehuwah.


Apamaneh Ingsun bakal mrenahake Tarub SuciningSun ana ing tengahira, lan panggalihingSun ora bakal kemba mirsani sira.


sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.


“He putri Sion! Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal rawuh ing Sion maneh lan akedhaton ing tengahe Yerusalem, sarta Yerusalem bakal kasebut: Kutha Setya, dene gununge Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal kasebut: Gunung Suci.


lananga wadona padha kawetokna, iya sira wetokna menyang ing sajabane palereban, supaya aja nganti ndadekake najise pakuwon kang Sundalemi.”


Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.


Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.


Imam Pinehas bin Eleazar tumuli ngandika marang bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye: “Saiki aku padha sumurup yen Sang Yehuwah ana ing tengah kita, marga kowe ora padha nyimpang saka ing kasetyanmu marang Sang Yehuwah; marga saka iku kowe temah padha ngluwari wong Israel saka ing paukumaning Yehuwah.”


Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan