2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha nyaosna pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun. Anggone padha nyaosake pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun iku metua saka legawaning atine.
Dene sakehing tangga teparone padha mbiyantu piranti selaka tuwin emas lan rajabrana sarta kewan, apadene kang peni-peni, iku kejaba apa kang kapisungsungake kalawan manasuka.
Para sesirahing kulawarga, nalika sowan menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing Yerusalem, ana sawatara kang ngaturake pisungsung manasuka kanggo pembanguning padalemaning Allah ana ing panggonane lawas.
Lan wiwit ing dina iku dianakake kurban obaran kang tetep, uga kanggo ing tanggal anyar lan saben dina riyaya kang suci kagem Sang Yehuwah, apadene saben-saben ana wong kang nyaosake kurban manasuka katur marang Pangeran Yehuwah.
apadene sakehe selaka lan mas kang bakal sira tampani saka ing satlatahe propinsi Babil kabeh, sarta pisungsung manasuka sesaosane rakyat lan para imam kang kanggo marang padalemane Allahe ing Yerusalem,
Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.
awitdene pisungsung prasepuluh kang disaosake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, minangka panduman mligi, iku Sunparingake marang para bani Lewi minangka pusakane, mulane wus padha Sunpangandikani: Ora bakal oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel.”
Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.