Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 25:12 - Kitab Sutji

12 Karodene sira gawea gelang mas cithakan patang iji padha kapasanga ing pojokane papat, dadi ing iringan kenene ana gelangane loro, lan ing iringan kanane ana gelangane loro.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 25:12
9 Iomraidhean Croise  

Pethi iku sira lapisana mas murni ing jero lan ing jabane, sarta ing dhuwur mubeng sira wenehana plisir mas.


Sarta maneh sira gawea pikulan kayu sittah, padha kalapis ing mas.


Pikulan iku tetepa ana ing gelangan pethi, ora kena didudut.


Sarta maneh meja iku iya sira gawekna gelangan mas patang iji, gelangan iku sira etrapna ing pojokane papat kaprenah ana ing sikile papat.


Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.


Pikulane kaslobokna ing gelangane, dadi samangsa misbyahe diusung, pikulan iku padha ana ing lambunge misbyah kiwa-tengen.


pikulan iku dislobokake ing gelangan kang ana ing iringane pethi, kagawe ngusung.


Pikulane tumuli dislobokake ing gelangan kang kaprenah ing lambunge misbyah, supaya bisa kausung. Misbyah mau kang digawe blabag, ing jerone growong.


Lan padha gawe embanan mas loro lan gelangan mas loro, gelangan mas rong iji mau padha kapasang ing pojoke tutup dhadha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan