Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 25:10 - Kitab Sutji

10 “Sira padha gawea pethi kayu sittah, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta lan dhuwure karotengah asta.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 25:10
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Suleman banjur mindhah putri, putrane Sang Prabu Pringon, saka ing kuthane Sang Prabu Dawud menyang ing daleme anggone ngyasakake, awit pangandikane: “Garwaningsun aja nganti ana kang manggon ing kratone Rama Dawud, ratu ing Israel, amarga panggonan-panggonan kang wus dileboni ing pethine Pangeran Yehuwah iku suci.”


Tarub Pasewakan, pethi angger-angger, tutup pangruwatan kanggo pethi mau, lan sakabehe pirantine tarub iku,


pethi dalah pikulane, tutup pangruwatan lan gebere aling-aling;


Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.


Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.


Samangsa budhal saka palereban, Harun lan para anake tumuli padha lumebua perlu ngudhunake payone, banjur kagawea nutupi pethi angger-angger,


ing dhuwure dilarabana lulang dhuyung, ing dhuwure maneh kajerengana jarit kang wungu tuwa, sarta banjur kaetrapana pikulaning pethi mau.


Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan