Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 25:1 - Kitab Sutji

1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 25:1
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Yoas ngandika marang para imam: “Kabeh dhuwit kang digawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah minangka pisungsung suci, yaiku dhuwit kang lebune kanggo cacah jiwa, dhuwit tebusan jiwa manut tatanan katetepan kang wus tumindak kanggo saben wong, lan kabeh kang digawa lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, marga saka prentuling atine wong,


Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha nyaosna pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun. Anggone padha nyaosake pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun iku metua saka legawaning atine.


Nabi Musa banjur nglempakake sapasamuwane wong Israel kabeh, sarta padha dipangandikani mangkene: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah supaya padha dilakoni.


Karomaneh pangandikane Nabi Musa marang sapasamuwane wong Israel kabeh: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah:


Sira padha ngaturna pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah saka kang sira duweni. Saben wong kang legawa atine iku nggawaa pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah: mas, selaka, tembaga,


lenga kanggo padamaran, bumbu-bumbu kanggo lenga jebad lan dupa kang wangi-wangi,


Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.


Tarub Suci mau banjur diaturake marang ing ngarsane Nabi Musa, iya tarub dalah saprabote kabeh; canthelane, blabage, kendhite, cagake lan ompake,


Wong Israel anggone padha nggarap iku mau kabeh ngetrepi kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


“Kabeh iku sira tampanana, kagawea ngladeni ayahan ing Tarub Pasewakan; kabeh iku katampakna marang wong Lewi, miturut kapreluaning bubuhane dhewe-dhewe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan