PANGENTASAN 24:8 - Kitab Sutji8 Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.” Faic an caibideil |
Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.
Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.