Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:6 - Kitab Sutji

6 Sawuse iku Nabi Musa banjur mundhut getihe sabagean, diwadhahi bokor, sabagean maneh dikepyurake ing misbyah mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:6
22 Iomraidhean Croise  

Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.


Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.


Nuli padha njupuka isop sabentel, celupna ing getih kang ana ing bokor, lan getih mau oser-oserna ing dhempele lawang kiwa-tengen lan ing ndhuwur; karodene sadhengah wong panunggalanmu ora kena metu saka lawang nganti tumeka wayah esuk.


Getihe salong kajupuka kausarna ing dhempele lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwure, ing saben omah kang dianggo mangan cempe iku.


Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.”


wedhus mau banjur kasembeleha, getihe sira siramna ing saubenge misbyah.


Wedhuse banjur kasembeleha, lan getihe salong kaleletna sathithik ing godhohing kupinge Harun kang tengen, uga ing godhohing kupinge anak-anake Harun, ing jempole tangane tengen, lan jempole sikile tengen, dene getih liyane sira siramna ing saubenge misbyah.


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Panyembelehe ana ing iringane misbyah sisih lor ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, para imam anake Harun, banjur nyiramna getihe ana ing sakubenge misbyah.


Sawuse mangkono banjur nyembeleha sapine ana ing ngarsaning Yehuwah; para anake Harun, imam-imam mau nyaosna getihe sapi mau lan disiramna ing sakubenge misbyah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.


Wonge banjur numpangna tangane ing endhasing kurbane, sapi iku nuli disembeleha ana ing sangarepe lawanging Tarub Pasewakan, sarta getihe disiramna ing sakubenge misbyah dening para imam anake Harun.


Wonge numpangna tangane ing endhase kurbane, wedhus iku banjur disembeleha ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, sarta getihe banjur disiramna ing sakubenge misbyah dening para anake Harun.


sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.


Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”


kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.


sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.


ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir. Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.


Yaiku sababe, dene prajanjian kang wiwitan ora disahake tanpa getih.


Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,


Mangkono uga tarube lan sakehe piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.


nanging srana getih kang akeh ajine, yaiku rahe Gusti Yesus Kristus kang padha kaya getihing cempe kang tanpa cacad lan tanpa blentong.


yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Gusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan