PANGENTASAN 24:4 - Kitab Sutji4 Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel. Faic an caibideil |
Anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah mau nganggo nyaosake kurban arupa sapi lanang satus, wedhus gembel lanang rong atus lan cempe wedhus gembel patang atus, sarta minangka kurban pangruwating dosa kanggo wong sabangsa Israel kabeh arupa wedhus berok lanang rolas, miturut cacahe talere Israel.
Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;