PANGENTASAN 24:3 - Kitab Sutji3 Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.” Faic an caibideil |
Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.