Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:2 - Kitab Sutji

2 Mung Musa dhewe kang sowane cedhak kalawan Pangeran Yehuwah, nanging liyane ora kepareng nyedhak, lan wong akeh iya aja ana kang melu munggah bareng karo sira.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:2
12 Iomraidhean Croise  

Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.


Anadene bangsa iku anggone ngadeg ana ing kadohan, nanging Nabi Musa nyelaki ing pepeteng lelimengan panggonane lenggah Gusti Allah.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.


Bareng Nabi Musa minggah ing gunung, gununge banjur katutupan mega,


Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.


Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”


Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewe lan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe; Ingsun bakal damel bisa seba wong iku, lan cedhak kalawan Ingsun. Amarga sapa kang wani ngetohake nyawane supaya cedhak kalawan Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?


sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.


Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan