Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:17 - Kitab Sutji

17 Miturut sawangane wong Israel cahya kamulyane Sang Yehuwah iku kaya geni kang nggesengake pucake gunung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:17
14 Iomraidhean Croise  

Marga cahyaning kilat ing ngarsane mawa dadi mengangah.


Kukus kumelun saka ing granane, geni melet-melet saka ing tutuke, mawa mengangah metu saka Panjenengane.


Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.


Gunung Sinai katutupan ing pega kabeh, marga Sang Yehuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegane kumelun kaya kukus ing pawon, lan gununge banget anggone gonjang-ganjing.


tumuli dikatingali dening Sang Malaekating Yehuwah ing sajroning urube geni ana ing tengahe grumbul eri. Banjur uninga: grumbul eri iku murub, ewadene ora kamangsa ing geni.


Wiwit kang kaya bangkekan iku nganti tekan ing dhuwur, aku ndeleng kang mencorong kaya swasa lan kaya geni kang ing sakubenge katutupan; lan saka kang kaya bangkekan tumeka ing ngisor aku ndeleng kang kaya geni kang kinubengan ing sunar.


Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika.


Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug.


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.


Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Amarga kowe ora padha marani gunung kang bisa kagepok sarta geni kang mulad-mulad, tuwin pepeteng alimengan lan lesus,


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan