Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:16 - Kitab Sutji

16 lan kamulyaning Pangeran Yehuwah dumunung ing gunung Sinai, nem dina lawase anggone katutupan mega, sarta ing dina kaping pitune Nabi Musa ditimbali saka ing tengahing mega iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:16
14 Iomraidhean Croise  

Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.


Kacarita nalika sapasamuwane Israel lagi dipangandikani dening Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yehuwah ngatingal ana ing megane.


Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.


nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.


Miturut sawangane wong Israel cahya kamulyane Sang Yehuwah iku kaya geni kang nggesengake pucake gunung.


Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung


Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika.


Nabi Musa lan Imam Harun tumuli lumebet ing Tarub Pasewakan. Bareng miyos banjur padha mberkahi marang wong akeh, sarta kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang wong sabangsa kabeh,


Pangandikane Nabi Musa: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, padha lakonana, supaya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang kowe.”


Ing kono wong saumat kabeh padha ngancam arep mbenturi watu marang Yusak lan Kaleb; nanging kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngetingal marang wong Israel kabeh ana ing Tarub Pasewakan.


Kacarita bareng umat mau padha mapali nglawan Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha ngadhepake Tarub Pasewakan, lah tarube tumuli katon kalimputan ing mega, sarta cahya kamulyaning Yehuwah ngetingal.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan