Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:15 - Kitab Sutji

15 Bareng Nabi Musa minggah ing gunung, gununge banjur katutupan mega,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:15
6 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku Sang Prabu Suleman tumuli ngandika: “Pangeran Yehuwah wus ngandika manawa karsa dedalem ana ing papan kang peteng.


Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.


Pangeran Yehuwah tumuli tumedhak marang ing pucake gunung Sinai, sarta nimbali Nabi Musa menyang ing pucake gunung iku; Nabi Musa banjur minggah.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.


lan kamulyaning Pangeran Yehuwah dumunung ing gunung Sinai, nem dina lawase anggone katutupan mega, sarta ing dina kaping pitune Nabi Musa ditimbali saka ing tengahing mega iku.


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan