Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:14 - Kitab Sutji

14 Nanging pawelinge Nabi Musa marang para tuwa-tuwa: “Kowe padha ngentenana aku ana ing kene, nganti sabaliku mbaleni kowe. Dene Harun lan Hur rak padha tetunggalan karo kowe, sapa kang duwe prakara padha maranana dheweke.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:14
8 Iomraidhean Croise  

banjur ngandika marang abdine loro: “Kowe karo kuldine padha karia ana ing kene, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawuse iku aku bakal padha mbaleni kowe maneh.”


Yusak tumuli nglakoni sadhawuhe Nabi Musa, perang nglawan wong Amalek, nanging Nabi Musa, Rama Harun lan Hur padha munggah menyang ing pucake gunung.


Suwe-suwe astane Nabi Musa kiyu, mulane dijupukake watu didokok ana ing sangisore, kagawe lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astane sasisih edhing, mulane astane ora obah nganti tumeka ing surupe srengenge.


Manawi wonten ingkang prakawisan, lajeng sami murugi kula supados kula damel pancasan tumrap tiyang satunggal kaliyan satunggalipun; kajawi punika inggih kula tedahi pranatan saha putusan-putusanipun Gusti Allah.”


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


Kowe ndhisikana lakuku menyang ing Gilgal; lan aku bakal nekani kowe arep nyaosake kurban obaran lan kurban slametan. Kowe ngentenana pitung dina lawase, nganti aku nekani kowe lan aweh sumurup marang kowe apa kang wajib koklakoni.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan