Bareng Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa, karo putra-putra lan garwane Nabi Musa rawuh ing pasamunan, ing papan palerebane ing sacedhake gununge Gusti Allah,
Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:
Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,
Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.
Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.