Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 24:11 - Kitab Sutji

11 Nanging Panjenengane ora mulung astane marang pemimpin-pemimpin Israel; padha nyawang marang Gusti Allah, banjur mangan lan ngombe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 24:11
24 Iomraidhean Croise  

Ibu Hagar tumuli nyebut asmane Sang Yehuwah kang mangandikani mau: “Paduka punika El-Roi”, sabab pangunandikane: “Aku ana ing kene rak wus ndeleng Panjenengane kang mirsani aku?”


Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhe lan kawasa, lan sakehe para bangsa ing bumi bakal pada kaberkahan marga saka Abraham?


Karodene Yakub nyaosake kurban sembelehan ana ing pagunungan kono, sarta ngundangi para sanak kadange kembul mangan. Dene sawuse padha mangan banjur padha nginep ana ing pagunungan kono.


Sawuse mangkono Sang Putri banjur damel serat atas asmane Sang Prabu Akhab, nuli disegel kanthi segeling karajan, tumuli dikintunake marang para pinituwa lan para panggedhe ing kutha panggonane Nabot.


Sawuse iku para panggedhening rakyat lan rakyat ing nagara kabeh padha kaajak ndherekake Sang Prabu mandhap saka ing padalemaning Yehuwah: banjur padha lumebu ing kadhaton ngliwati gapura Luhur, tumuli nglenggahake Sang Prabu ing dhamparing karajan.


Anadene para panggedhe ora sumurup aku mentas menyang ngendi lan apa kang wus daktindakake, amarga nganti tumeka saprene aku durung kandha apa-apa marang wong Yahudi, dadia marang para imam utawa marang para panggedhe; dadia marang para kang ngasta pangwasa utawa wong liyane kang kaampilan ayahan.


Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng, lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula.


Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.


Para panggedhene padha utusan abdi-abdine golek banyu, padha tekan ing sumur-sumur, nanging ora oleh banyu, satemah padha bali kalawan kendhi-kendhi kang isih kothong. Padha isin, polatane kucem, temah sirahe dikudhungi.


Nanging kadospundi dene kawula, ingkang abdi kok saged wawan rembag kaliyan Bendara kawula, mangka kawula sampun boten gadhah kakiyatan malih saha sampun boten wonten ambekan kawula?”


aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”


kang didhudhuk dening para panggedhe ana ing satengahe bangsa iku kalawan jungkating karajan, kalawan tekene.” Saka ing pasamunan banjur padha budhal menyang ing Matana;


Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Apa tau ana bangsa kang krungu swarane Gusti Allah ngandika saka satengahing geni, kaya anggonmu wus krungu iku, mangka bisa lestari urip.


Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”


Tumuli para wong luhur kang bisa oncat padha mudhun, umate Sang Yehuwah padha mudhun dadi prawira kagem Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan