10 sarta padha ndeleng Gusti Allahe Israel; kang minangka ancik-ancikaning sampeyane iku memper kaya srasahan sotya manila kang mencorong kaya langit kang sumilak padhang.
Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.
Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi kayektosana pangandika Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng abdi Paduka Rama Dawud.
Sarta maneh pangandikane: “Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub!” Sang Musa banjur nutupi pasuryane, marga ajrih nyawang marang Gusti Allah.
Ing taun kang kaping telung puluh, tanggal kaping lima sasi papat, nalika aku ana ing pinggir kali Kebar bebarengan karo para wong buwangan, nuli langit piyak lan aku sumurup wahyu saka ing Allah.
Nanging kadospundi dene kawula, ingkang abdi kok saged wawan rembag kaliyan Bendara kawula, mangka kawula sampun boten gadhah kakiyatan malih saha sampun boten wonten ambekan kawula?”
aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.
Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama?
Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.
Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.