PANGENTASAN 24:1 - Kitab Sutji1 Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan. Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.
Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.
Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.