kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”
Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan, wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala,
Bilai para wong kang ngarani piala iku becik lan kabecikan iku ala, kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang lan pepadhang dadi pepeteng, kang ngowahi pait dadi legi, lan legi dadi pait.
Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose, nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman. Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara, sarta mendhung iku lebuning sampeyane.
Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”
Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.