Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:6 - Kitab Sutji

6 Sira aja ndhoyongake wewenange wong miskin ing sajroning prakarane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:6
23 Iomraidhean Croise  

Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”


Manawa aku tau ora mikir marang hake baturku lanang utawa wadon, nalika prakaran karo aku,


Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.


Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.


Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake, lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.


Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.


kang mbenerake wong duraka marga dibeseli lan kang nyelaki wewenange wong bener.


padha lemu ginuk-ginuk. Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala, ora mreduli marang angger-angger, ora menangake prakarane bocah lola, lan ora mbelani wewenange wong mlarat.


Wong-wong iku kabeh padha wong kang seneng tumindak duraka, mloka-mlaku mrana-mrene mitenah wong; kabeh padha laku ala!


ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe.


Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.


Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!


Nanging putrane iku tindak-tanduke ora kaya ramane, mburu kauntungan, nampani besel lan ndhoyongake pangadilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan