5 Manawa sira weruh kuldine mungsuhira ambruk marga kabotan momotan, poma sira aja sungkan tetulung, nanging kang duwe sira rewangana mbongkar momotane kalawan eklas.
Manawa satrumu keluwen, wenehana mangan roti, manawa ngelak, wenehana ngombe banyu:
“Manawa kowe weruh sapi utawa wedhuse sadulurmu ketriwal, kowe aja ethok-ethok ora weruh, nanging mesthi kudu kokulihake menyang panggonane sadulurmu.
Manawa kowe weruh kuldi utawa sapine sadulurmu ambruk ana ing dalan, aja nganti kowe rewa-rewa ora weruh, poma sadulurmu iku rewangana nangekake.”