Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:30 - Kitab Sutji

30 AnggoningSun bakal nundhungi bangsa iku saka ngarepira saka sathithik, nganti sira wus padha duwe anak-putu akeh lan bisa ndarbeni tanah iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:30
5 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal nundhungi para bangsa iku saka ing ngarepmu saka sathithik, ora kena enggal-enggal koktumpes, supaya cacahe buron alas aja nganti kakehan ngluwihi cacahmu.


sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.


Dieling, tlatahe sakehing para bangsa kang isih kari iku wus dakpandumake marang taler-talermu srana kaundhi dadi warisanmu wiwit ing bengawan Yarden, – padha uga kaya sakehing bangsa kang wus daktumpes ing waktu iku, – nganti tutug ing Segara Gedhe ing papan suruping srengenge.


Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang bakal nundhungi para bangsa mau ana ing ngarepmu lan nglungakake saka ing ngarepmu, temah kowe padha bisa ngejegi nagarane kaya kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah Allahmu marang kowe.


Sang Yehuwah rak wus nundhungi bangsa-bangsa kang gedhe lan santosa saka ing ngarepmu, sarta mungguh ing ngatase kowe ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepmu nganti tumeka ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan