Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:3 - Kitab Sutji

3 Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:3
10 Iomraidhean Croise  

Sira aja ndhoyongake wewenange wong miskin ing sajroning prakarane.


Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.


Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.


Bilai para wong kang gawe katetepan-katetepan kang ora adil, sarta para wong kang gawe pututsan-putusan kang ambek siya,


Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.


Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakanira lan akeh cacahe dosanira, heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid, sarta kang padha nampani besel, lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura.


Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.


Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.


Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan