Rama Iskak tumuli apegat nyawa lan seda, banjur dikempalake kalawan para leluhure; wus sepuh lan tuwuk gesange, banjur disarekake dening kang putra Esap lan Yakub.
Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi, menda kawula sami bebranahana dados ewon, dasanan ewon wonten ing pangenan kawula!
Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.
Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dina utawa wong tuwa kang ora tutug umure, sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom, lan sapa kang umure ora nganti satus taun bakal dianggep kena ing ipat-ipat.
Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”
Anggonmu binarkahan iku bakal ngluwihi sakehe para bangsa, bakal ora ana panunggalanmu kang gabug, dadia lanang utawa wadon, dalah kewanmu iya ora ana kang majer.