PANGENTASAN 23:25 - Kitab Sutji25 Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira. Faic an caibideil |
pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”
Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?
“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;
Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.
Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”
Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”