Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:23 - Kitab Sutji

23 Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:23
13 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,


Bareng kapirsan Sang Sikhem putrane Sang Prabu Hemor, wong agung Hewi, raja negara kono, tumuli diplajengake lan ditunggil sare nganggo dirodapeksa.


Sawuse iku Nabi Musa tumuli nyariosake marang kang rama mara-sepuhe samubarang kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Pringon lan marang wong Mesir marga saka wong Israel, mangkono uga sakehing karibedan kang dialami ana ing dalan, apadene anggone Pangeran Yehuwah ngluwari umate.


“Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


“Pangandikane Rama Harun marang wong-wong mau: Kowe padha nyopotana anting-anting mas kang ana ing kupinge somahmu, lan anak-anakmu lanang lan wadon, nuli gawenen mrene kabeh.”


Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwangan awit ora ngreti apa-apa; wong kang mulya bakal padha mati kaliren, tuwin wong akeh bakal padha kasatan.


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Sang Yehuwah rak wus nundhungi bangsa-bangsa kang gedhe lan santosa saka ing ngarepmu, sarta mungguh ing ngatase kowe ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepmu nganti tumeka ing dina iki.


Nalika Sang Senapati Yusak ana ing sacedhake nagara Yerikho, bareng pinuju mirsan-mirsani, katon ana priya jumeneng ing ngarsane, ngasta pedhang ligan, tumuli dipurugi Sang Yusak kalawan pitaken: “Panjenengan punika kanca punapa mengsah?”


Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan