22 Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.
Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”
Sami kataman miris lan ajrih, ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka, dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka, ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.
Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –
Gusti Allah kang ngentasake saka ing tanah Mesir, iku tumrap bani Israel kayadene sungu kakuwataning bantheng, bangsa kang dadi mungsuhe padha kamangsa nganti entek, lan balunge padha karemuk, sarta bakal padha ketaman ing panahe nganti tembus.
Lagi mendhak njerum kaya singa lanang, iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake? Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah, lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”
“Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.
Dene sakehe sumpah iku mau bakal didhawahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang mungsuhmu lan marang para kang nyengiti kowe, kang wus padha ngoyak-oyak marang kowe.
Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”