Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:21 - Kitab Sutji

21 Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:21
41 Iomraidhean Croise  

supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!


Sarta pinujia asmane kang mulya ing salawas-lawase, salumahing bumi kebaka ing kaluhurane. Amin, Amin.


Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!


Nanging Banisrael padha nyoba lan mbalela marang Gusti Allah kang Mahaluhur, sarta ora padha netepi marang pepenget-pepengete;


Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,


Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”


Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,


Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.


supaya wiwit ing papan pletheking srengenge nganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh. Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane,


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.


Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku? Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun, lan padha supata demi kang dudu allah. Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang, lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen.


Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.


Ingsun, Yehuwah, kang mangandikani iki. Lah iku mau bakal Suntandukake kabeh marang sagolongane wong kang ala iki. Kang wus padha sarujukan nglawan marang Ingsun; mesthi bakal padha tumpes ana ing pasamunan kene lan ana ing kene anggone bakal padha mati.”


“Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Aku lan Sang Rama iku siji.”


Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”


supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.


Sapa wong kang ora ngestokake ing pangandikaningSun kang bakal dilairake dening nabi iku demi asmaningSun, iku mesthi Sunpundhut tanggung-jawabe.


“Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.


Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira,


Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swarane? Apa dudu wong kabeh kang padha metu saka ing tanah Mesir katuntun dening Nabi Musa?


Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.


Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Nanging Malaekate Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Manoakh: “Yagene sira takon asmaningSun? Asma iku rak elok?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan