Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:2 - Kitab Sutji

2 Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:2
36 Iomraidhean Croise  

Kacarita sadurunge mapan sare, lah wong-wong lanang ing nagara kono, para wong lanang ing Sodom, padha ngepung omahe Lut, wiwit kang enom nganti kang tuwa, malah sakutha kabeh kerig-lampit ora ana kang keri,


Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.


Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.


Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”


awit aku pakewuh marang masarakat lan wedi marang panacade sanak-sadulur, satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!


Sageda panjenenganipun ngereh para umat Paduka klayan adil, sarta para kawula Paduka ingkang katindhes, kalayan angger-angger!


He anakku, uripmu aja niru tindak-tanduke wong-wong mau, sikilmu edohna saka ing dalane;


Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.


Aja ngambah dalane wong duraka, lan aja tumapak ing lurunge wong ala.


Para panggedhe mau padha duka banget marang Nabi Yeremia lan nyapu panjenengane sarta banjur dilebokake ing omah tahanan, ana ing omahe panitra Yonatan; omah iku wus kadadekake pakunjaran.


Sang Prabu Zedhekia banjur paring dhawuh, supaya Nabi Yeremia ditahan ana ing plataran pajagan lan saben dina supaya diparingi roti sairis saka ing dalan tukang roti, nganti saenteke roti ing kutha kono. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan.


“Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, pandamelipun tiyang-tiyang punika awon tumrap Nabi Yeremia, inggih punika anggenipun nyemplungaken piyambakipun ing sumur, piyambakipun temtu pejah kaliren wonten ing ngriku! Amargi ing kitha rotinipun sampun telas.”


Paring wangsulane marang aku: “Kaluputane turune Israel lan Yehuda iku akeh banget, nganti tanah iki kebak utang getih lan kutha iki kebak kaanan kang ora adil; awit padha ngucap mangkene: Pangeran Yehuwah wus nilar tanah iki; Pangeran Yehuwah ora mirsani iki.


Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.


“Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?


Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.


Iku ora melu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata, asale saka ing Arimatea, sawijining kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah.


Nanging bareng wis ganep rong taun, Sang Feliks digentosi Sang Perkius Festus lan kanggo nyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliks nglestarekake Rasul Paulus katahan ana ing pakunjaran.


Ewadene sarehne Sang Festus karsa ngepek atine wong Yahudi, nuli maringi wangsulan marang Rasul Paulus, pangandikane: “Apa kowe saguh menyang Yerusalem, supaya diadili ana ing kana ana ing ngarepku bab prakara iki?”


Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.


Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.


Kowe aja nyahak wewenange wong bangsa liya lan bocah lola; lan aja nggadhe sandhangane randha.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Pangandikane Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Kula sampun nglampahi dosa, amargi sampun nerak dhawuhipun Sang Yehuwah lan pangandika panjenengan; sarehne kula ajrih dhateng rakyat milanipun kula nuruti panyuwunipun.


Nanging Sang Prabu Saul sabalane ngluwari Sang Prabu Agag, wedhus-wedhuse, apadene sapi-sapi kang becik-becik lan lemu-lemu, dalah cempe-cempene sarta samubarang kang pangaji, iku kabeh ora disirnakake. Mung sakehing kewan lan barang kang ora pangaji tur ala iku kabeh padha ditumpes.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan