Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:19 - Kitab Sutji

19 Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:19
20 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh aku iya bakal padha nyaosake kawitaning pametuning bumiku, lan kawitane sakehing wohe karang kitri menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing saben taun.


Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.


“Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.


Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.


Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”


Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya.


Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;


Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna. Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas, kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu?


Sabanjure apa kang becik dhewe tumrap pembarepe apa bae lan sakehe sesaosan mligi apa bae, sakehe sesaosanira kang kusus iku dadi pandumane para imam; uga glepungira gandum kang becik dhewe iku kudu sira wenehake marang imam, supaya anakira oleha berkah.


Bageane para wong Lewi jejer karo wilayahe para imam, dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta. Dadi gunggunge: dawane salawe ewu asta, ambane rong puluh ewu asta.


Iku sathithik bae ora kena didol utawa diijolake, sarta wilayah iku perangane kang becik dhewe ora kena diwarisake marang wong liya, awit iku suci tumrape Sang Yehuwah.


Glepungira kang wiwitan iku sira olaha kanggo pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, turun-tumurun.”


Nanging kang bener iku yaiku manawa Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalane kang wus padha mati.


Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”


Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah. Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan