Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:18 - Kitab Sutji

18 Anggonira nyaosake getihing kurban sembelehan kang sumaos marang Ingsun, iku aja nganti kaworan sadhengah kang mawa ragi, karomaneh gajihing kurban riyaya kang sumaos marang Ingsun aja nganti nginep nganti esuke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:18
10 Iomraidhean Croise  

Iya ora kena nganti turah tekan esuk; apa kang isih turah, esuke kudu diobong!


Pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakehe ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhengah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahe Israel.


Daginge kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangane karo roti tanpa ragi lan jangan pait.


Nabi Musa ngandika marang wonw-wong mau: “Aja ana kang ngengehake kanggo sesuke.”


Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.


Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.


Sarupane kurban dhaharan kang sira saosake marang Pangeran Yehuwah iku pangolahe aja nganggo ragi, awitdene kang mawa ragi utawa madu iku ora kena sira obong dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.


Manawa kang kasaosake iku kanggo kurban pamuji sokur, kurbane iku kakanthenana roti bunder tanpa ragi, pangolahe diwori lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, karodene glepung gandum pilihan kaulet lenga.


Lan daginge kurban pamuji sokur kang dadi kurban slametan iku kapangana ing dina anggone kasaosake, aja ana kang dingengehake tekan esuke.


Sajrone pitung dina lawase ing sawratane tlatahmu aja nganti ana ragi; karomaneh daging sembelehanmu ing dina kapisan wayah sore iku aja ana kang nginep tumeka esuke.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan