Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:16 - Kitab Sutji

16 Riyaya panen, iya riyaya wiwitaning pametune anggonira nyebar ing tegal, iku uga tetep sira anakna, mangkono uga riyaya undhuh-undhuh, samangsa tutuping taun, salebare anggonira ngundhuhi pametuning pategalanira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:16
17 Iomraidhean Croise  

Karodene padha netepi riyaya Tancebing Tarub condhong karo kang wus kapacak, sarta ing sadina-dina nyaosake kurban obaran, miturut cacah kang wus katamtokake yaiku saben dina, kaya kang wus kapranata, kanggo ing dina iku.


“Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.


Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.


Sira netepana riyaya pungkasaning pitung minggu, iya iku riyaya wiwitane panen gandum, apadene riyaya undhuh-undhuh ing pungkasane taun.


Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;


Ing sasi kapitu tanggal sapisan sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake sadhengah pagawean kang abot, iku dadia dina ngunekake kalasangka.


Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub.


Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!


Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.


kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan