PANGENTASAN 23:15 - Kitab Sutji15 Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa. Faic an caibideil |
Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,
Wangsulane wong-wong iku: “Manawi badhe mangsulaken pethining Allahipun Israel punika, sampun dipun wangsulaken kanthi nglaha, panjenengan kedah ngaturaken tebusaning kalepatan dhateng Panjenenganipun; panjenengan lajeng badhe sami saras lan badhe mirsa, punapa sebabipun, dene astanipun boten mundur saking panjenengan.”