Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:14 - Kitab Sutji

14 Setaun kaping telu sira kudu nganakake riyaya sumaos marang Ingsun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:14
14 Iomraidhean Croise  

Saben taun Sang Prabu Suleman caos kurban obaran lan kurban kaslametan ping telu ana ing misbyah kang kaadegake kagem Pangeran Yehuwah sarta mbesmi dupa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah. Mangkono wus rampung anggone yasa padaleman mau.


cundhuk karo apa kang manut dhawuhe Nabi Musa katetepake dadi kurban dinan, kurban ing dina Sabat, ing sasi anyar, lan setaun kaping telu ing dina riyaya, yaiku: ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing dina riyaya Pungkasaning Pitung Minggu lan ing dina riyaya Tancebing Tarub,


Setaun rambah kaping telu wongira kang lanang kudu padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gustinira.


Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.


Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.


Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe.


sira ngetunga nganti tumeka ing dina sawuse sabat kang kaping pitune, iku seket dina, nuli sira padha nyaosna kurban dhaharan anyar konjuk marang Sang Yehuwah.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel, mangkene: Ing sasi kapitu mau tanggale ping limalas, iku dina riyaya tarub kagem Pangeran Yehuwah lawase pitung dina.


Iki dina-dina gedhe kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah dina masamuwan suci, kang siji-sijine kudu sira undhangake ing kala mangsane.


Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.


“Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.


Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,


Wong iku saben taun lelungan saka ing kuthane arep munggah manembah lan saos kurban marang Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi ing Silo. Kang dadi imaming Sang Yehuwah ana ing kono yaiku putrane Imam Eli, Hofni lan Pinehas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan