12 Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa aso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”
Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon esuke.”
nanging ing taun kang kaping pitune kudu sira lerenake, lan sira tinggal mangkono bae, supaya panunggalanira kang miskin padha bisaa mangan, lan sisane iku kareben dipangana dening sato-kewan ing alas. Mangkono uga tumrap pakebonanira anggur lan witira jaitun.
Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.
“Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.
Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.
Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”