Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:11 - Kitab Sutji

11 nanging ing taun kang kaping pitune kudu sira lerenake, lan sira tinggal mangkono bae, supaya panunggalanira kang miskin padha bisaa mangan, lan sisane iku kareben dipangana dening sato-kewan ing alas. Mangkono uga tumrap pakebonanira anggur lan witira jaitun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:11
11 Iomraidhean Croise  

Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.


Sabanjure aku padha ngewajibake awakku dhewe kabeh, asok sapratelon sekel saben taun, kanggo pangibadah ana ing padalemane Gusti Allahku,


Sajroning nem taun sira nyebarana buminira lan ngundhuhana pametune,


Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa aso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”


Saupama sira padha takon: Apa kang bakal padha dakpangan ing taun kang kapitu iku? Aku rak padha ora kalilan nyebar lan ora kena nglumpukake pametuning tanah!


Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”


Satemene aku ora padha kokgawa menyang tanah kang luber puwan lan madu, iya ora padha kokwenehi pategalan utawa pakebonan anggur minangka tanah-pusaka; mangsa bisaa kowe mblithuk wong-wong iku! Aku padha emoh mara!”


Awitdene mungguh wong miskin iku salawase bakal tansah ana bae ing nagara kono; mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingkrangan lan kang miskin ana ing nagaramu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan