Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 23:1 - Kitab Sutji

1 “Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 23:1
40 Iomraidhean Croise  

Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.


Sang Prabu banjur ndangu: “Putrane gustimu ana ing ngendi?” Atur wangsulane Ziba: “Panjenenganipun wonten ing Yerusalem, amargi pangandikanipun: Ing dina iki turune Israel bakal mbalekake kratone kanjeng rama marang aku.”


Rencang kawula punika nyidrani abdi dalem ing bab gusti kawula Sang Prabu. Nanging gusti kawula Sang Prabu punika prasasat kados malaekatipun Gusti Allah; pramila panjenengan dalem kawula aturi nindakaken punapa ingkang panjenengan dalem galih prayogi.


Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun, punika badhe kawula tumpes, tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun, punika kawula boten remen.


Apa kang bakal diparingake marang kowe, sarta kowe diparingi tambahan apa, he ilat kang dora-cara?


kang ora nyebar pitenah kalawan ilate, sarta ora nindakake piala marang kancane, lan ora memada marang pepadhane;


Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng hawa nepsunipun satru kawula, awit sampun wonten seksi-seksi dora ingkang sami nglawan kawula, kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa.


Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul, sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi.


Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.


Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.


Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene, sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.


Wong kang nglairake kabeneran iku mratelakake apa kang adil, nanging seksi goroh nglairake kaculikan.


Seksi kang setya iku ora goroh, nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh.


Wong kang nindakake piala nggatekake lambe duraka, lan wong cidra nilingake kupinge marang ilat kang gawe cilaka.


Seksi kang ora ana gunane iku ngremehake angger-angger, lan cangkeme wong duraka nguntal para cidra.


Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.


Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta kang ngucapake cidra bakal sirna.


Seksi goroh bakal sirna, nanging wong kang ngrungokake bakal ajeg micara.


Aja dadi seksi tumrap pepadhamu tanpa sabab, lan ngapusi kalawan lambemu.


Wong nglairake paseksi goroh tumrap pepadhane, iku upamane kaya gada utawa pedhang lan panah kang landhep.


Angin saka lor nggawa udan, guneman bisik-bisik, ulat mrengut.


seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan, sarta kang njalari ecrahe sadulur.


Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi! Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”


Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.


Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.


Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.


Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”


Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”


“Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun?”


Rak iya ora bener, ta, panacade wong kang kandha, yen kita padha duwe ujar mangkene: “Payo kita padha nglakoni panggawe ala supaya bisaa thukul kang becik saka ing kono. Wong kang kaya mangkono iku wis samesthine tampa paukuman.


Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.


Sira aja nglairake paseksi goroh tumrap pepadhanira.


ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,


sarta kalawan rumangsaning ati kang resik, supaya wong kang padha mitenah marang kowe, marga uripmu mursid ana ing Gusti Kristus, iku padha kewirangan dene padha tumindak mangkono.


Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan