Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 22:9 - Kitab Sutji

9 Ing sarupaning prakara tukar-padu bab barang darbe dadia bab sapi, bab kuldi, bab wedhus, bab sandhangan, lan sadhengah barang kang ilang, manawa kang siji kandha: “Iki duwekku!” – prakarane wong loro iku kasaosna marang Gusti Allah. Dene sapa kang disalahake dening Gusti Allah kudu nglironi tikel loro marang kancane mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 22:9
17 Iomraidhean Croise  

Ingkang kamangsa ing sato galak, boten kula aturaken panjenengan, kula lintoni piyambak; ingkang dipun pendhet tiyang, dadosa ing wanci siyang dadosa ing wanci dalu, panjenengan tempahaken dhateng kula sadaya.


Manawi wonten tiyang ingkang sampun damel dosa dhateng mitranipun, lajeng dipun wajibaken supaos kalayan ngipat-ipati badanipun piyambak, saha nunten supaos wonten ing sangajengipun misbyah Paduka ing salebeting padaleman punika,


Ing saben prakara kang diajokake marang sira dening para sadulurira kang padha manggon ing kutha, yaiku prakara ngwutahake getih, utawa bab angger-angger dhedhawuhan, katetepan lan pranatan, wong-wong iku padha sira elingna, supaya aja nganti kaluputan marang Pangeran Yehuwah, satemah sira lan para sadulurira padha katempuh ing bebendune. Padha tumindaka mangkono, sira ora bakal padha kaluputan.


Manawa ana wong nitipake kuldi, sapi utawa wedhus, utawa kewan apa bae marang kancane, mangka kewan iku mati, putung sikile utawa kebradhat, ora kaweruhan ing wong,


“Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.


Yen kang dicolong iku katemu isih urip, dadia sapi, kuldi utawa wedhus, iku kudu dilironi tikel loro.


utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli sapralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,


“Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan. Manawa nggugu marang kandhamu, tegese kowe wis ngentas sadulurmu.


Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”


“Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan